Khutbah Bahasa Jawa - Kewajiban Bekti Dateng Tiang Sepuh

Khutbah Bahasa Jawa Kewajiban Bekti Dateng Tiang Sepuh

انّ اْلحَمْدَ لله نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئاَتِ اَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلِّلَ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لآالَهَ الاَّ الله وَحْدَهُ لاَشَرِ يْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْ لُهُ.

اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِيْعَهُم بِاِحْسَانِ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.

يَااَيُهَا الّذِ يْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا الله حَقَ تُقَاتِهِ وَلاَتَمُوْ تُنَّ الاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.

يَااَيُّهَاالنَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسِ وَاحِدَةِ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُ اللهَ الَّذِى تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَالاَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبَا.

يَااَيُهَا الّذِ يْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدَ, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُم وَيَغْفرلَكُمْ دُنُوبَكُم وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلُهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمَا

فَإِنَّ أَصْدَقَ اْلحِدِيْثِ كِتَابُ الله وَخَيْرَ الهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى الله عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ الْأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٌ ضَلاَلَةٌ وَكُلَّ ضَلاَلَةٍ فيْ النَّارِ

 

Ma’asirol muslimin rahimakumulloh

Mangga kula soho panjenengan tansah taqwa dumateng AllohSubhanahuwata’ala . Nindakaken kewajiban ingkang sampun dipun dawuhaken dening Alloh Subhanahuwata’ala, inggih menika awujud hak-hak ipun Alloh Subhanahuwata’ala saha hak ipun para umatipun Alloh Subhanahuwata’ala, hak ipun ingkang manungsa langkung ageng tumprapipun kula saha panjenengan sedaya inggih punika hak ipun tiang sepuh kekalih saha sanak sederek. Alloh Subhanahuwata’ala ngendikaken hak ingkang kasebat kala wau mapan wonten ing tingkatan sak ngandapipun hak ipun Alloh Subhanahuwata’ala. Alloh Subhanahuwata’ala ngendika :

…..واعبدوا الله ولا تشركوا به شيئا وبالوالدين إحسانا

Sembahen Alloh Subhanahuwata’alalan kowe aja nandingake (Alloh)kalawan apa wae. Lan tumindako becik marang wong tuamu sak keloron (ibu lan bapak)…… (Annisa /4:36)

Alloh Subhanahuwata’ala ugi sampun ngendika ingkang kacetha wonten ing serat Lukman/31 : 14 :

ووصينا الإنسان بوالديه …..

Lan Insun wis dawuh marang manungsa supaya tumindak becik marang wong tuaniro sak keloron yaiku ibu lan bapak iro.

Saklajengipun Alloh Subhanahuwata’ala nyebataken dasar dawuhipun menika :

 ….حملته أمه وهنا على وهن

…. Ibunira wis ngandut ana ing kahanan kang lemah banget lan saya tambah-tambah.….

Inggih menika kawontenan ingkang sakalangkung rekaos saha awerat rikala bobot, babar, momong saha neteki sak derengipun dipun sapih. Saklajengipun Alloh Subhanahuwata’ala paring pangandika :

وفصاله في عامين أن اشكر لي ولوالديك إلي المصير

….. Lan padha sapihen sakwuse umur 2 tahun. Padha syukura marang Ingsun Alloh lan marang wong tuamu sakeloron. Mung marang ingsun siro kabeh padha bali.

Ma’asirol mukminin rahimakumulloh

Nabi Shollallahu’alaihiwasalam sampun netepaken bilih bekti dateng tiang sepuh kekalih menika langkung utami katimbang jihad ing marginipun Alloh Subhanahuwata’ala.

Kasebat ing kitab Shahihain saking Abdulloh bin Mas’ud Radhiyallahu’anhu ngendika :

سَأََلَتُ النَّبِيُّ ص م أَيُّ اْلعَمَلِ أَحَبُّ إِلَى اللهِ قَالَ الصَّلاَةُ عَلَى وَقْتِهَا قَالَ ثُمَّ أَيٌّ قَالَ بِرُ اْلوَلِدَيْنِ قَالَ ثُمَّ أَيٌّ قَالَ اْلجِهَادُ فِيْ سَبِيْلِ اللهِ

Kula nyuwun pirsa dateng Nabi Shollallahu’alaihiwasalam :”amalan punapa ingkang langkung utami?” Kanjeng Nabi Ngendika :”Sholat pas wektune”. Kula nyuwun preksa malih :”lajeng punupa malih?” Kanjeng Nabi Ngendika malih :”Bekti marang wong tua sakarone”. Kula tasih nyuwun preksa malih :”lajeng punapa malih?” Kanjeng Nabi lajeng ngendika malih ;”Jihad ing dalaning Alloh.”

Dipun cariosaken ing kitab Shohih Muslim bilih wonten tiang sowan Nabi Shollallahu’alaihiwasalam lajeng matur :”kula sumpah (berbaiat) dateng panjenengan ya Rosululloh badhe hijrah, lan jihad ing marginipun Alloh. Kula namung ngajeng-ngajeng ganjaranipun Alloh.” Kanjeng Nabi ndangu,”apa salah siji wong tuamu isih urip? Tiang kala kewau lajeng atur waluyan,”inggih ya Rosululloh, malah kekalihipun tasih gesang. Lajeng Rosululloh paring pangandika,”kowe golek ganjaran saka Alloh?” tiang kalawau atur waluyan malih,”inggih ya Rosululloh”. Kanjeng Nabi lajeng dawuh,”Baliya marang wong tuamu sak keloron, sak banjure bektenono kanti bejik apik marang deweke,”

Dipun sebataken wonten hadist kanthi sanad jayid, wonten tiang matur dateng kanjeng Nabi Shollallahu’alaihiwasalam :”ya Rosululloh, saestunipun kula kepingin jihad namung kula mboten kuwaos kleksanakaken. Rosululloh ndangu: “apa salah siji saka wong tuamu keloron isih ana?, tiang kala kewau atur waluyan,”inggih, ibu kula tasih gesang”. Rosululloh lajeng dawuh :”temonono Alloh ana ing kahanan bekti marang wong tua sakarone.” Yen wis tak lakoni, mangka tegese kowe wis nindakake haji, umrah, lan jihad”.

Alloh Subhanahuwata’ala ugi sampun paring wasiat supados tumindak sae dateng tiang sepuh kekalih ing donya sanajan piyambakipun kafir. Nanging menawa deweke printah tumindak kufur mangka anak ora kena nindakake printah kufur iku mau. Alloh Subhanahuwata’ala paring pangadika :

وإن جاهداك على أن تشرك بي ما ليس لك به علم فلا تطعهما وصاحبهما في الدنيا معروفا واتبع سبيل من أناب إلي ثم إلي مرجعكم فأنبئكم بما كنتم تعملون

Lan menawa (wong tuamu) sakorone padha meksa supaya nyekutoake Ingsun (Alloh) kalawan samu barang sing durung kok ngerteni, mangka kowe aja padha nindhakake printahe (wong tuamu) sakloron, lan tansah srawungono kanti becik nalikane ana ing donya, lan ilonono dalane wong sing bali marang Ingsun (Alloh), sakbanjure mung marang Ingsun (Alloh) siro kabeh padha bali, mangka wis tak paringi kabar marang sira kabeh apa-apa sing wis sira tindakake.(Lukman/31 : 15)

Kasebat ing kitab Shohihain, saking Asma binti Abu Bakar, piyambakipun nyariosaken rikala keng ibu rawuh silaturahmi kamangka keng ibu menika musrik. Asma nyuwun pirsa dateng Rosululloh :

 يَارَسُو لُ الله قَدِمَتْ عَلَيَّ أُمِّي وَهِيَ رَاغِيْبَةٌ أَفَأَصِلُ أُمِّي قَالَ نَعَم صِلِي أُمَّكِ

Duh Rosululloh, “ibu kula rawuh dateng panggenan kula badhe silaturahmi, menapa kula pareng pasederekan kaliyan ibu kula menika?” kanjeng Nabi paring pangandika,”yo sambungen”.

 

Jama’ah Jum’ah rahimakumulloh

Cara bekti dateng tiang sepuh kekalih inggih menika kanti sae ing pangucap, tumindak saha banda.

Tumindak sae kanti pangucap inggih menika tansah ginakaken tetembungan ingkang prayogi kanthi sopan santun saha susila anoraga (lemah lembut), tanduk aris (halus) ulat manis.

Tumindak sae kanthi patrap inggih menika tansah leladi dateng kekalihipun kanthi tenaga, bahu suku, penggalihan kangge anyekapi sedaya kabetahanipun tiang sepuh kekalih, kangge gampilaken sedaya urusanipun.

Tumindak becik kanthi banda, inggih menika kanthi raos ikhlas caos pambiantu ingkang arupi banda sakcekapipun ing pangajab sageta amewahi kabagyanipun tiang sepuh kekalih kanthi mboten ngucik-ucik sedaya ingkang sampun dipun caosekan, supadhos mboten gerah ing panggalih.

Ma’asirol muslimin rahimakumulloh

Bekti dateng tiang sepuh kekalih mboten dipun tindakaken namung rikala tasih gesang, Nanging tetap dipun tindakaken nalika sampun seda. Wonten satunggaling kisah inggih menika saking bani Salamah sowan Rosululloh Shollallahu’alaihiwasalam lajeng nyuwun priksa :

يَا رَسُولُ الله هَلْ بَقِيَ مِنْ بِرِّ اَبَوَيَّ شَيْءٌ أَبَرُّهُمَا وَاْلاِسْتِغْفَارُ لَهُمَا وَاِنْفَاذُ عَهْدِهِمَا مِنْ بَعْدِهِمَأوَصِلَةُ الرَّحِمِ الَّتِيْ لاَتُوْ صَلُ إِلاَّ بِهِمَا وَإِكْرَامُ صَدِيْقِهِمَا

Dhuh Rosululloh, menapa tasih wonten cara kangge bekti dateng tiang sepuh kekalih sak sampunipun sami seda?” Rosululloh paring pangandika :”iyo,kanthi cara dongakake, nyuwunake pangapura kanggo deweke, nindakake wasiate, nyambung silaturahmi sing ora iso disambung kajaba kanthi dalan deweke sakarone, lan mulyakake kanca-kancane (HR. Abu Dawud)

Ma’asirol muslimin rahimakumulloh

Mekaten kala wau khutbah jum’at ingkang saget kula aturaken, saestu wiyar tebanipun menawi badhe bekti dumateng tiang sepuh kekalih, malah kalabet kewajiban mulyakaken lan nyambung silaturahmi dateng pamitranipun. Dipun sebataken wonten shohih muslim saking Abdulloh bin Umar bin Khotob :”satunggaling dinten panjenenganipun tindak Mekah nitih kuldi (keledai) ingkang kulina kangge seneng-seneng nalika jeleh nitih unta. Saklajengipun, sakcelakipun Abdulloh bin Umar wonten tiang Arab Badui. Abdulloh bin Umar taken :”menapa leres panjenengan fulan bin fulan? Piyambakipun mangsuli :”inggih”. Saklajengipun Abdulloh bin Umar maringaken kuldi saha surbanipun kangge ingkan dipun remeni kangge nyambung silaturahmi, amargi piyambakipun rencangipun Umar (bapakipun) amargi Rosululloh nate ngendika :”saktemene bekti sing paling apik yaiku tetep nyambung hubungan keluargane bapake”.

 

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا أَسْتَغْفِرُ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ اْلمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُهُ اِنَّهُ هُوَ اْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمِ

 

KHUTBAH II

انّ اْلحَمْدَ لله نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئاَتِ اَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلِّلَ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لآالَهَ الاَّ الله وَحْدَهُ لاَشَرِ يْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْ لُهُ.

اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِيْعَهُم بِاِحْسَانِ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.

يَااَيُهَا الّذِ يْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا الله حَقَ تُقَاتِهِ وَلاَتَمُوْ تُنَّ الاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.

 

Ma’asirol muslimin rahimakumulloh

            Khutbah ingkang kaping kalih badhe kula aturaken ngengingi kalenggahanipun bekti dateng tiang sepuh kekalih saha keagungan martabatipun.

            Minangka piwalesipun dateng tiang ingkang tansah bekti dumateng tiang sepuhipun kekalih inggih menika ganjaran ingkang langkung ageng ing donya lan akhiratipun. Sinten ingkang tansah bekti dateng tiang sepuhipun kekalih mangka ing benjang putra-putranipun ugi badhe bekti dateng piyambakipun saha badhe ngaturaken margi ingkang gampil kangge ngicali kesusahanipun.

            Ing kitab Shohih Bukhori saha Shohih Muslim saking hadits Ibnu Umar dipun sebataken carios tiang tiga ingkang bade nyipeng ing gua, lajeng piyambakipun mlebet. Saksampunipun dumugi gua dumadakan wonten selo ageng ingkang nutupi gua kasebat. Piyambakipun lajeng sami tawasul dateng Alloh y kanthi amal-amal sholeh ingkang nate dipun tindakaken supadhos saget medal. Salah satunggalipun sanjang “Dhuh Ya Alloh, saestunipun kula gadah bapak lan ibu ingkang sampun sepuh sanget. Kula mboten nate nyaosaken susu dateng kaluarga menapa dene abdikula sakderengipun piyambakipun kekalih. satunggaling dinten kula kesah tebih kangge pados uwit lan dereng wangsul ngantos piyambakipun tilem. Kula meres susu kangge piyambakipun. Saksampunipun rampung kula kepanggih piyambakipun sampun tilem. Kula mboten kepingin mungu lan mboten nyaosaken susu dateng kulawarga menapa dene kangge kula piyambak. Kula lajeng nengga piyambakipun kaliyan mbeta mangkok susu ing tangan kula ngantos fajar, piyambakipun wungu saha ngujuk susu anggen kula meres”.

            “ya Alloh mbok bilih anggen kula nindakaken menika sedaya amargi ikhlas kersa  Panjenengan, mbok inggih Panjenengan bikak selo ingkang nutup menika. Saklajengipun selo menika lajeng mengo sekedik. Sanesipun sami donga kanthi amalan sholeh ingkang sampun nate dipun tindakaken piyambak-piyambak. Wasana sela menika mingset saking sekedik bapa sekedik ngantos kebikak saha saget sami medal saking lebeting gua.

 

Ma’asirol muslimin rahimakumulloh

Mugi kawuningana bekti dateng tiang sepuh kekalih ugi badhe datengaken rezki, nyuswo panjang lan khusnul khotimah. Dipun riwayataken sahabat Ali bin Abi Tholib bilih Rosululloh nate ngendika :”sing sapa seneng didawakake umure, jembarake rejekine lan disingkirake saka su’ul khotimah, mangka kudune deweke taqwa marang Alloh Subhanahuwata’ala lan nyambung silaturahmi.

Lan saestunipun bekti dumateng tiang sepuh menika mujudaken silaturahmi ingkang mulya amargi tiang sepun nggadahi hubungan pamitran ingkang caket sanget dumateng kula saha panjenengan.

            Mugi-mugi Alloh Subhanahuwata’ala maringi taufiq ipun dumateng kula saha panjenengan, sehingga gampilaken kula saha panjenengan saget bekti dumateng tiang sepuh. Lan mugi Alloh Subhanahuwata’ala maringi kanugrahan dumateng kula saha panjenengan keikhlasan anggenipun kleksanakaken.

 

اللّهُمَ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدِ كَمَا صَلَيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدِ كَمَا بَرَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ الّلهمَّ  لِلمُؤْمِنِيْنَ وَ الْمُؤْمِنَاتْ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتْ, اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتْ

رَبَّنَا اغْفِرْلَنَا وَلإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَ بِا لإِيْمَانِ وَلاَتَجْعَلْ فِيْ قُلُوبِنَا غِلاًّ لِّلَّذِيْنَ أَمَنُوْا رَبَّنَآ إِنَّكَ رَئُوفٌ رَّحِيْمٌ

رَبَّنَآ ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَاوَإِنْ لَّمْ تَغْفِرْلَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخَسِرِيْنَ.

رَبَّنَآ أَتِيْنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى الله عَلَى مُحَمَّدٍ تَسْلِيْماً كَثِيْرًا وَآخِيْرُ دَعْوَانَ اْلحَمْدُ الله رَبِّ اْلعَلَمٍيْنَ. وَلاَ ذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ

 

Saking  Ad-Dhiyaa ul Laami’ Dining Syeikh Muhammad Bin Sholih Al Utsaimin.

[Majalah As Sunnah Edisi 10/Tahun XI/1428/2008 M]

Dapatkan update artikel terbaru dengan memasukkan alamat email anda dibawah ini:

0 Response to "Khutbah Bahasa Jawa - Kewajiban Bekti Dateng Tiang Sepuh"

Post a Comment

klik disini